Pengertian Tembang Macapat - Mapel Bahasa Jawa


Pengertian tembang macapat
Tembang macapat yoiku tembang tradisional Neng Tanah Jowo. Yen Sinawang Soko kerata basa, macapat iku maknane moco papat papat. Macane pancen rinakit saben patang wanda (suku kata).

Urut urutane tembang macapat
1. Maskumambang
Gambarake jabang bayi sing Isih ono ing kandhutane ibune, sing durung dingengeteni lanang utowo wadon. Mas tegese durung weruh lanang utowo wadon. Kumambang tegese uripe ngambang ing kedhutane ibune.

2. Mijil
Tegese wis Lair, cetho Lanang utawa wadon.

3. Sinom
Tegese enom. Bisa ditegesi wayah sing paling wigati/ penting kanggone cah enom isih akeh wektu kanggo nggolek ilmu sak akeh-akehe.

4. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun, kang tegese dituntun, supaya bisa mlaku, ngambah kauripan sing bener ing alam donya.

5. Asmarandhana
Ateges rasa tresna. Tresna marang liyane, kang kabeh mau wis dadi kodrate saka Allah.

6. Gambuh
Saka tembung jumbuh (sesuai) kang tegese wis jumbuh/ sarujuk banjur digathukake antarane lanang lan wadon sing podo nduweni roso tresno mau, kanthi tujuan supaya bisa urip bebrayan.

7. Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge apa kang digayuh bisa kasembadan (kelaksana) bisa nduwe sisihan/keluarga, duwe anak urip sakaluarga.

8. Durma
Soko tembung darma/weweh/ mekel (memberi ) wong yen rumangsa kacukupan urip banjur tuwuh roso welas asih marang kadang mitra (saudara atau teman ) kang lagi nandhang susah, mula tuwuh roso kepingin darma/ menehi marang sepodo podo kabeh mau disengkuyung (didukung ) saka piwulang agama lan watak sosiale manungsa.

9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri (meng hindari ) hawa nepsu angkara murka kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha padha.

10. Megatruh
Saka tembung megat lan ruh utawi pegat rohe/ nyawane amarga wis titi wancine katimbalan marak sowan mring gusti Allah.(mati)

11. Pocung
Yen wis dadi di layon (mayit) banjur dibungkus mori putih sak durunge dikubur.

Bagian (perangan ) tembang macapat :
1. Guru gatra
2. Guru wilangan
3. Guru lagu/swara

1. Guru gatra
Yaiku cacahe utawa jumlah larik saben sepada (bait)
2. Guru wilangan
Cacahe wanda utawa suku kata saben sagatra (larik)
3. Guru lagu/swara
Tibaning swara wanda utawa suku kata pungkasan (terakhir) ing saben gatra utawa larik.

Nah untuk artikel bahasa Jawa pertama ini Cukup sekian ya teman-teman.Apabila ada kesalahan Mohon dimaafkan.
Semoga bermanfaat dan jangan lupa di share. Terima kasih